Sunday, November 21, 2010

Paribasan – Peribahasa

Adigang, adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
*
Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.
*
Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
*
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
*
Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil
*
Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
*
Gupak puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
*
Jer Basuki mawa béa - Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
*
Kacang ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané
*
Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun
*
Kebo nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
*
Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
*
Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk -- Marani bebaya
*
Maju tatu mundur ajur - Prakara kang sarwa pakéwuh
*
Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
*
Pupur sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka
*
Sapa Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan
*
Tumbak cucukan - Wong kang seneng adu-adu
*
Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi
*
Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa
*
Yuyu rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat

No comments:

Post a Comment